Minggu, 05 April 2009

TAMAN GEGURITAN

Taman Geguritan

Taman geguritan meniko kula damel kangge gurit menggah sedaya paro paran para, ingkang lumebet dateng blog AABASAJAWA menika. ingkang ancas kula supados Basa jawa menika boten dados basa ingkang namung kangge pawiyatan ingkang boten dipun remeni para siswa. Mila wonten ing mriki kula badhe hambudhidhoya supados basa jawa menika dados basa ingkang dipun remeni. Awit saking menika monggo sami anggurit sak saget - saget !

sak derengipun kula miwiti gurit keparenga kula caos atur bilih gegurutan menika puisi kanthi ginakaken basa jawa.

Wong Jawa

Dhedhekmu sedheng
Pasuryanmu sumringah
Nyebar esem saben ketemu mring sapa wonge
Lakumu tumungkul ora ndhangak

Wong Jawa ...
Swaramu arih, enak yen kapireng
Ora mrempeng ing talingan
Ngajeni mring sesami

Wong Jawa ...
Lagehanmu kasar angin
Esemmu pait madu
Grapyak, sumanak mring kabeh titah

Wong Jawa ...
Basamu tata, alus ngungkuli sutra
Ngombak banyu yen ngandika
Tan bedha Raden Puntadhewa

Wong Jawa ...
Budhayamu endah edhiluhung
Dhuwur ngungkul - ungkuli, cendhek tan kasoran
Sapa dhulu dhadhi keder

Wong Jawa ...
Saiki piye dhadhimu ?
Piye ngendhikamu ?
Lan piye budhayamu ?

Wong Jawa ...
Dhedhekmu, Pasuryanmu lan esemmu isih Jawa
Nanging ngendikamu lan budhayamu dhudhu wong Jawa
Nestho temen wong Jawa ilang Jawane.


( Yusuf Subroto ) Pekalongan, 5 April 2009


Cande Ayu

Byar padang katalika
jagad wetan miwiti gesang
sanajan bagaskara isih nendra
langit kabuntel mega lelamatan,

swasana dadya bingar
jagad kadya purnama sidi
kabeh pada alok sesautan
cande ayu, cande ayu, cande ayu ....

lan ana kang crita
iki pratanda becik
ati pada tentrem
urip bakal ayem

dhak rungu lan dhak graita
muga bener pratanda alam
Gusti paring pangapura mring dosa
matemah jagad sentosa, kebak ing kamulyan

( yusuf Subroto ) 07 - 04 - 2009



Wengi Agung

Sun lumaksana ing gigir bantala
sapecak bokot sapecak dak rasa
kesel rasane loyo awakku












Sabtu, 04 April 2009

UNGGAH - UNGGUH BASA

Wong jawa iku duweni basa kang ediluhung, sing ora diduweni dening bangsa liya. Genea diarani ediluhung ?. Awit basa jawa iku nduweni tatanan undha usuk tumrape pacelathon ( guneman ) ing antarane wong siji lan sijine gunakake basa kang bedha. Sing isine wong siji lan sijine duweni rasa kajen kinajenan, umpamane wong enom marang wong tuwa, kakang karo adi, Bapak karo anak lan sapanunggalane.Lha trep - trepane basa iku sing diarani unggah - ungguh.
Wondene unggah - ungguhing basa jawa iku satemene akeh yen dipetung ana 12 basa. Ananging ana ing jaman saiki unggah - ungguh basa iku dibedhake ana 3, yaiku :

1. Basa ngoko
2. Basa krama
3. Basa krama inggil

1. Basa ngoko
Basa ngoko iku kaperang dadi loro.
1. Ngoko lugu yaiku basa sing kabeh tembunge nganggo basa ngoko.
Wondhene gunane kanggo guneman antarane :
--> Wong sing luwih tuwa kara wong sing luwih enom utawa bacah cilik.
--> Konco karo konco sing wis kulina.
--> Guru karo murid.
Tuladha :
>> Andi, aku tukokna sarapan menyang warung !
>> Bu, aku sesuk arep meyang Semarang bocah - bocah dijoga ya Bu !
>> Bocah - bocah, kae sawangen langite wis mendung.
2. Basa ngoko alus ( ngoko andhap ).
Basa ngoko alus yaiku basa ngoko kacampur krama inggil, wondhene sing nganggo krama inggil tembung - tembung sing katujokake marang wong sing diajak omong utawa sing katujokake marang wong kang luwih diormati.

1. Aku wingi weruh panjenengan lagi nitih becak ana Semarang.
2. Bapak lagi dahar karo simbah ana buri.
3. Dak suwun panjenengan sesuk rawuh ana omahku.
4. kae Ibu lagi ana warung mundut gula pasir.

2. Basa Krama
Basa krama yaiku basa kang kabeh tembung - tembunge gunakake basa krama. Basa krama iku ngemu kaidah kasusilan kanthi rasa ormat marang wong kang diajak guneman.

Trep - trepane kanggo guneman antarane :
1.

Jumat, 03 April 2009

BASA JAWA KELAS X SEMESTER I

BAB I
Woro - woro, Pawarta lan carita cekak

Standar Kompetensi :
Siswa bisa ngrungokake, mahmi, nanggapi sadhengah wacana lesan non sastra, awujud woro - woro, pawarta lan wacana lesan sastra awujud cerkak.

Kompetensi Dasar :
1. Ngrungokake Woro - woro
2. Ngrungokake Pawarta
3. Ngrungokake pamacane cerkak

Indikator :
1. Nyathet pokok - pokok isi woro - woro
2. Nanggapi kanthi lesan isi woro - woro
3. Nulis pokok - pokok isi pawarta
4. Ngaturake kanthi lesan ringkesane pawarta
5. Mangsuli pitakonan sing gegayutan karo osine pawarta
6. Menehi tanggapan lan isi pawarta
7. Nanggapi pamacane cerkak ngenani vokal, intonasi lan ngayati
8. Jelasake unsur - unsur pambangune cerkak, ngenani

I. Woro - Woro

1. Pangerten woro - woro
Woro -woro tembung sing dingerteni masyarakat umum "Pengumuman". Sing tegese aweh ngerti marang wong akeh. Lha yen sing menehi ( ngomongake / ngumumake ) woro - woro diarani pambyawara.
2. Wujude woro - woro
Woro - woro iku wujude ana akeh nanging yen diperang mung ana 3 yaiku :
1. Sayembora.
2. Layanan masyarakat.
3. Iklan.

1. Sayembora yaiku woro - woro kang isine golek kamenangan ana ing sawijine kedhadhean, umpane lomba mlayu 10 kilometer.
2. Layanan masyarakat contone Posyandu, layu - layu lansapanunggalane.
3. Iklan yen masalah iki wis akeh contone lan sabendina mesthi ana. contone iklan sabun cuci, iklan obat loro mumet lsp.

Tuladha woro -woro
Layu - layu
Innalillahi - wainailaihi raji'un.

Sampun katimbalan marak sowan wonten ing ngayunanipun Gusti ingkang Murbeng dumadhi, panjenenganipun :
Bapak Sastro Dibejo
Yuswa 95 tahun
Dinten : Setu Pon, 23 Juli 2009
Wanci : Tabuh 02. oo WIB.
Dalem : Rt. 02 Rw. 17 Kalurahan Mojo pitu, Kec. Mojo Legi, Kab. Mojo Ireng.
Jalaran : Sakit sawetawis wekdal.

Layon badhe Kabidalaken saking griya duhkita :
Dinte : Setu Pon, 23 Juli 2009
Wanci : Tabuh 15. 30 WIB.
Tumuju : Pasarean Mojo loyo, Mojo Pitu.
Hambokbilih Panjenenganipun Bapak sastro Dibejo anggadhahi kalepatan dumateng
para sanak kadang sami kulo nyuwunaken gunging samodra pangaksami ingkang sakathah -kathahipun.
Mojo pitu, 23 Juli 2009
Ingkang nandang duhkita

Suryo Anggono
( Putra )
Ingkang nandang sungkawo :
1. Ahmad Saleh ( Putra )
2. sungkono darmo ( Putra )
3. Sadoya kulawarga.


Pitakonan kanggo gladen.
1. Woro - woro Ing duwur arane apa ?
2. Apa isine Woro - Woro ing duwur ?
3. Sapa sing gawe woro - woro /
4. Woro - woro iku katujokake marang sapa ?
5. Coba gaweyo woro - woro sing isine gotongroyong ndadani dalan ana ing Rt. mu dewe-dewe !

II. Pawarta
Pawarta saka tembung warta sing tegese kabar.Pawarta ana ing basa Indonesia berita.
Pawarta iku Katrangan babagan prastawa ( kedhadhean ) kang temenan lan narik kawigaten
wong akeh ( brayan agung ), lan uga ora salumrahe ( ora biasa ).

Tuladha pawarta